Pranatacara Pengantin Jawa : Masrahaken calon penganten kakung soho uborampe

Assalaamu'alaikum wr.wb

Nuwun poro tamu minulyo, mugi sih wiloso berkah soho kanugrahaning Pangeran Allah SWT, tansah karentahno dhateng kulo soho panjenengan sedoyo, sameniko sarto ing salajengipun.

Poro pinisepuh, poro lenggah ingkang dahat kinurmatan. Minongko bebukaning atur, kaparengo kulo langkung rumiyin ngunjukaken puji syukur ing ngabyantoro Dalem Pangeran Allah SWT, ingkang moho mirah, dene pisowan kulo sakonco kaparingan ganjaran wilujeng nir ing sakoro-koro.

Salajengipun, minongko utusanipun panjenenganipun Bpk. ........................ sekaliyan ingkang pidalem ing dusun .................., keparengo kulo ngaturaken wigatosing sowan kulo, ing ngarsanipun panjenengan Bpk. ............................ sekaliyan ing wekdal meniko mekaten :

Ingkan kapisan, kadhawuhan ngaturaken bekti, kurmat, tuwin sungkemipun panjenenganipun Bpk. ............... sekaliyan, sumrambahipun poro kadang kadeyanipun, katur poro pinisepuh ing dusun ..............., dalah sakiwo tengenipun ingkang sami lenggah wonten riki. Mekaten ugi kadhawuhan ngaturaken taklim katur panjenengan Bpk. ................. sekaliyan, sumrambah poro putro miwah poro kadang sentono.

Ndungkap ingkang kaping kalih, rehning payuwunipun  panjenenganipun Bpk. ................. sekaliyan anggenipun badhe nyuwun putro putrinipun panjenenganipun Bpk. ..................., ingkang sesilih nak jeng : ......................, ingkang badhe kajodohaken kaliyan putro kakungipun, inggih nak mas bagus : ..............., sampun kaparengaken, menopo dene sedoyo rembag tumrap badhe dauping penganten sampun kaleksanan rancag tanpo pepalang, ingkang meniko, wekdal meniko kulo kautus nyowanaken badhe/calon penganten kakung sarto nyuwun tumunten katindakaken ijab soho dhauping penganten. Kejawi meniko, ugi kadhawuhan nyowanaken upokarti/uborampe minongko anjangkepi totocoro arupi barang sawatawis inggih meniko :
a.       ongko setunggal : sanggan
minongko pralambang, bilih kersanipun Bpk. .................. kekalih, anjodhohaken putro saestu sinonggo ing esthi murni, soho gegayuhan luhur, anetepi darmaning asepuh, ngentas putro minongko gadhuhaning Allah SWT.
b.      ongko kalih : Kalpiko sarakit
minongko sarat saraning dhaup tumrap putro penganten sarimbit, ingkang mengku pralambang katresnaning putro kekalih, kaajab sagedo langgeng tanpo rubedo ngantos kaken ninen.
c.       ongko tigo : Arto
minongko urun srakah/crakah. Inggih urun anggenipun badhe yoso wilujengan tumrap badhe kaleksananing kaperluan mangke.
d.      ongko sekawan : Pengageman kagem badhe/calon penganten putri.
Arupi : Sangsangan sarakit, binggel sarakit, badhe rasukan kalih lembar, badhe rok kalih lembar, srandal sarakit, angkin setunggal, pirantos ngadisariro setunggal setel.
e.      Ongko gangsal : Plangkah
Arupi ageman jas setunggal setel, kasuwun kaaturaken nakmas : .................... minongko anjangkepi totocoro.
f.        Ongko enem : pesing
Arupi nyamping bathik setunggal lembar, kasuwun kaaturaken eyang putri : .................. minongko pisungsung, soho pangaji-aji tumrap panjenenganipun.
g.       Ongko pitu : angsal-angsal
Arupi dhaharan sawetawis, bumbu pawon, uwos, ketos lan sapanunggalipun.
h.      Ingkang ongko wolu : inggih ingkang pungksan : Bombongan
Arupi sawung setunggal, minongko pakurmatan soho anjangkepi totocoro

Mekaten, Bpk. ................. sekaliyan, upokarti ingkang kaaturaken.
Dene panyuwunipun Bpk. ................... sekaliyan, mugi barang-barang kolowau sampun kakerto aji reginipun, mawi petangan arto, nanging mugi katampiyo minongko wahyaning katresnan ingkang tulus, suci murni, saking kulowargo Bpk. .................. sekaliyan, ingkang katur panjenenganipun Bpk. ................. anggenipun badhe mangun bebesanan.

Mekaten, Bpk. .................. sekaliyan, menopo dene poro lenggah ingkang sutrisno, wigatosing sowan kulo sakadang.

Pungkasaning atur, mbok bilih pisowan kulo samangke pinanggih kirang anetepi ugering toto krami miwah malih pinanggih galap-gangsuling atur, soho lepat pangrakiting ukoro, kulo namung cumadhong lumunturing pangaksami. Nuwun. 

Wassalaamu'alaikum wr.wb

Post a Comment for "Pranatacara Pengantin Jawa : Masrahaken calon penganten kakung soho uborampe"