Pranatacara Pengantin Jawa : Nampi Pasrah Calon Penganten Kakung Dalah Upokarti

Assalaamu'alaikum wr.wb
 
Panjenenganipun poro pinisepuh miwah poro tamu ingkang kinurmatan, mirungganipun dhateng panjenenganipun Bpk. .................... ingkang minongko utusanipun Bpk. ...................... sekaliyan, keparengo awit saking asmnipun panjenenganipun Bpk. ......................... sekaliyan, sumrambahipun poro kadang kadeyanipun, kulo langkung rumiyin kepareng ngaturaken pambagyoharjo, sugeng rawuh panjenengan sedoyo.
Saklajengipun, kulo nampi kanthi suko sokur ing manah, paringipun sungkem soho taklim saking panjenenganipun bpk. .............................. sekaliyan, dhateng poro pinisepuh ing riki, soho dhateng panjenenganipun bpk. .............................. sakaluwargo.
Mangke sakonduripun panjenengan, bpk ...................... sekaliyan ugi ngaturaken sungkem soho taklim dhateng poro pinisepuh ing ...................., soho dhateng panjenenganipun bpk. ..................... sekaliyan, sumrambah putro soho sentono lumantar panjenenganipun bpk. ......................

Wondene, paring pasrahipun badhe/calon penganten kakung, ingkang kakersaaken tumunten kaijabaken, inggih sampun kulo tampi kebak atur panuwun, soho mbok bilih tanpo alangan setunggal menopo, (benjing enjing, dinten .................... suryo kaping ..................... utawi ............... Hijriyah), kirang langkung tabuh ....... bade kulo leksanani, katidakaken upocoro ijab lan qobul ingkang badhe kaserat dening panjenenganipun Petugas Pencatat Nikah KUA Kec. ............, mapan ing ..................
Ingkang meniko, kulo sabrayat nyuwun rawuhipun panjenenganipun bpk. ....................... sekaliyan, ing ................. wanci kados ingkang sampun katur ing ngajeng, saperlu kulo suwun sesarengan kalian kulo sagotrah, nyekseni soho memuji mugi tansah pinaringan kesaenan. Aamiiin

Saklajengipun, paringipun upakarti ingkang arupi : sanggan, kalpiko, arto, pengageman kangge anak kulo badhe/calon penganten putri, plangkah, pesing soho angsal-angsal menopo dene bombongan sampun kulo tampi ugi.
Saestu adamel mongkok, soho gembiraning manah, kejawi milo hangentheng enthengi tumrap kulowargo ing riki. Anggenipun badhe ngentas anak.

Dene pamundhutipun amrih kulo sabrayat boten ngakerto/ngerto aji barang  mawi aosing arto milo inggih kasinggihan. Boten wonten pletik sekedhik kemawon ing manah kulo sagotrah, badhe angaosi uborampe paringipun kolo wau, mawi aosing arto. Awit kulo sampun mangertos, kados menopo isining penggalihipun panjenengan bpk. ................... sekaliyan bilih kanthi tulusing penggalih, anggenipun sumedyo bebesanan. Mugi-mugi, awit saking kasaenanipun panjenegan bpk. ................. sekaliyan  kolo wau, kaparingan lelintu ingkang aluber-luber saking pangeran Ingkah Moho Mirah.

Mekaten, panampi kulo, minongko sulih sariranipun panjenenganipun bpk ................... sekaliyan.
Ing wasono, keparengo poro tamu mrayogekaken lenggah panjenengan sedoyo, soho bok bilih atur kulo pinanggih kathah kekiranganipun kulo namung angantu-antu  paringipun pangaksami.
Poro tamu, kantuno pinarak, manggiho suko. Nuwun
Wassalaamu'alaikum wr.wb

Post a Comment for "Pranatacara Pengantin Jawa : Nampi Pasrah Calon Penganten Kakung Dalah Upokarti"