Pranatacara Pengantin Jawa : Atur Pambagyo Wakil Keluarga Calon Pengantin Putri

Poro pinisepuh, poro tamu kakung soho putri ingkang minulyo,
Kulo minongko wakilipun Bpk................................. sekaliyan, sumrambah kadang kadeyanipun, keparengo sumelo atur.

Minongko purwoko, langkung rumiyin kulo ngunjukaken puji syukur ngarso Dalem Allah SWT, awit saking rahmat soho barokah dalem ingkang sampun rumentah, kanthi wilujeng kulo soho panjenengan sedoyo sampun kepareng pepanggihan soho lelenggahan wonten pasamuan meniko.

Salajengipun, sanadyan sampun kasep sakwetawis, kulo ngaturaken pasegahan ponokromo sugeng rawuh panjenengan sedoyo, winantu ing agenging atur sembah nuwun soho matur sanget genging panuwun awit saking keparengipun rawuh minangkapi menopo ingkang dados atur panuwunipun Bpk. ...................... sekaliyan.

Wigatosipun, panjenengan sedoyo sami dipun suwun rawuh ing pasamuan meniko, sakperlu dipun suwuni tambahing pangestu anggenipun kagungan kerso (badhe) ndhaupaken ingkang putro-putri sesilih ........................... kaliyan nakmas bagus ........................ putranipun kakung Bpk soho Ibu .................. sekaliyan ingkang pidalem ............................, mugi-mugi saget kalampahan kanthi wulujeng boten kirang satunggal menopo.

Rawuh panjenengan sedoyo meniko sampun saestu ateges paring pangestu dhumateng calon penganten kekalih, sanadyan makaten Bpk. ................................ sekaliyan taksih nyuwunaken tambahing pangestu, mugi-mugi calon putro penganten kekalih tansaho sinongsong ing karahayoning Pangeran Allah SWT, winengkuo ing karaharjan, winantuo ing suko basuki, tansah sami atut runtut anggenipun sami nindakaken kuwajibaning bebrayan, lestantun widodo dumugi ing salajengipun, ingkang tundhonipun calon penganten kekalih meniko saget murakabi tumraping bebrayan agung.

Boten kesupen Bpk. ......................... sekaliyan, soho kadang kadeyanipun ngaturaken sanget-sanget genging panuwun dhumateng panjenengan sedoyo, awit saking paringipun sumbangsih, minongko cihnaning katresnan ingkang mawarni-warni. Sedoyo sampun katampi kalayan bingahing manah. Sedoyo wau saestu murakabi tumraping kaperluan meniko, sumrambah tumrap cecawisipun calon putro penganten  anggenipun badhe mbangun brayat anyar.

Ingkang mekaten wau Bpk. ....................... sekaliyan lan calon penganten kekalih namung saged nyuwun wonten ngarsaning  Pangeran Allah SWT (Gusti Ingkang Moho Mirah) mugi-mugi sedoyo kasaenan panjenengan wau dipun paringono lelintu ing samurwatipun.

Poro rawuh ingkang minulyo, Bpk. ....................... sekaliyan boten kesupen nyuwun pangapunten menawi anggenipun nanggapi sarto caos palenggahan tuwin sanes-sanesipun boten ndadosaken suko renaning penggalih. Awit sedoyo wau kabekto saking kawontenan ingkang sarwo cupet lan cumpen.
Ingkang meniko sepisan malih Bpk lan Ibu ......................... sanget-sanget nyuwun gunging samodro pangaksami.

Rawuh panjenengan sedoyo sampun sakwetawis, ewo semanten taksih sami kasuwun nglajengaken anggenipun lelenggahan, sakperlu nanggapi menopo dene anekseni ijab qobul soho ngresepi pakurmatan pasugatan (ingkang kaaturaken deneng pramuladi) ingkang minongko chino/tondo syukur ing Pangeran. Dene anggenipun kagungan kerso ndhaupaken ingkang putro tansah kalampahan kanthi wilujeng boten kirang setunggal menopo.

Inggih namung amrih rancanging panindak, bilih mangke pasugatan sampun sami lumados, sarto sampun kaasto, nuwun sewu, boten kanthi kulo acarani malih lajeng wonteno keparengipun angresepi ing saprayoginipun.

Wasono cekap semanten rumiyin atur kulo, mbok bilih pinanggih galap gangsuling atur soho kirang ing kasusilan, nyuwun samodro pangaksami, sumonggo lajeng kasekecakno anggenipun sami lelenggahan, ngantos dumugi purnaning adicoro meniko.

Post a Comment for "Pranatacara Pengantin Jawa : Atur Pambagyo Wakil Keluarga Calon Pengantin Putri"